Kamis, 07 Juni 2012

PONPON SENENG LHO

Matur nuwun banget nggih kanggo sing wis nge'i panganan nggo si Pon. De'e seneng banget lho soale iki pertama kali ne si Pon mangan panganan larang hahahaha !! Biasane ming tak ke'i bambu sing biasa tur wis meh kadaluarso. Maka ne de'e suenenge pol hehehe.

Photobucket

Sering-sering wae yo. Nek ono sing terketuk pintu hati ne pengen nge'i si Pon panganan, monggo lho. Tak dongakke lancar props, sugih gummies lan gold !


Jumat, 01 Juni 2012

PRAM PROM PREM PREM

Sugeng enjing sederek kabeh. Piye kabaripun ? Mugo-mugo sae kabeh yo. Aku bar rampung golek props nang Pico. Saiki ternyata lagi ono event prom. Hmmm... sak jane aku ra pati mudeng prom ki opo. Maklum pas nang ndeso ora ono prom proman hehehe. Inti ne sih, prom ki acara sing digawe pas murid sekolah bar lulus. Yo koyo perayaan lulus sekolah ngono mungkin yo.

Prom nang Pico lumayan apik sih. Aku seneng warna ne, ungu-ungu. Warna senenganku ki !! Tapi sayange klambi sing di dol kok ra pati apik ya ? Yo lumayan sih, tapi ra nganti marai aku pengen tuku. Sing apik paling wig e wae. Sayang aku saiki lagi urip hemat, dadi ne ora tuku wig :(

Photobucket

Pintu gerbang sekolah. Didekor e ra pati yo apik. Sing marai apik ming ono mobil e tok. Lucu temen mobil e. Nganggo dihias balon-balon ngono. Koyo ngene ki mobil e :

Photobucket


Apik ya. Sing numpak yo bagus-bagus hohohoho. Pas banget dandananku karo mobil e. Ciamik tenan !

Photobucket

Nah, nek iki Prom Hall. Mengko acara ne nang kene. Biasa ne wong-wong do dansa, nari nang kene kie. Ono mejo makan barang, ben nek do ngelih iso mangan. Ono lantai 2 ne barang, tapi mau aku lali je arep motret lantai 2. Tapi yo koyo ngono lah. Balkon dihias karo balon-balon. Mengko nek kelingan tak potretke wis.

Oh iyo, mau bar mubeng-mubeng seko sekolahan delok-delok prom. Aku kaget jal, nang ngarepan delok iki :

Photobucket

Asem. Si Masao wis ono pasangan nggo nang prom !! Yo melu seneng lah, sopo ngerti hubungane de'e karo wedok iki iso berlanjut. Sajake yo rai ne cocok hehehe.

Eh, tapi ngemeng-ngemeng, aku durung ono pasangan prom kie. Ono sing gelem teko nang prom karo aku ra ? Sing gelem iso langsung komen nang kene yo.

Pareeeeng.


Minggu, 27 Mei 2012

MALING SEMPRUL

Sugeng enjing. 

Piye kabare? 

Wah, wis suwe yo rasane aku ora nulis blog. Aku bar mulih seko kampung. Nang kampungku ora ono internet, makane aku ora iso nulis blog karo dolanan Pico. Mesakke temen yo... hiks... :"( Tapi rapopo lah, sing penting rasa rindu karo kampung halaman, karo si mbok lan konco-konco nang kampung wis terobati hehehe.

Oh iyo, aku ki arep curhat sitik. Iki tentang Pico. Ceritane ngene...

Wingi pas dolanan, aku kan makani Panda ku to. Nah, rekane ki ben ra repot, kamarku tak kebaki pakanan Panda kabeh. Ono sekitar 10 luwih lah. Eh, pas sesuk esuk aku log in Pico, aku kaget tenan soale kamarku wis resik. Ora ono panganan panda blas!! Lha, batin ku, Panda ku ngelih banget po ya, nganti panganan akeh banget iso entek kabeh? Tapi setelah tak pikir-pikir rasane ra mungkin lah si Pon mangan akeh banget koyo ngono. Iki mesti ono Panda liyo sing mangan panganane si Pon. 

Jebule tenan. Ono sing mangan pakane si Pon!! Soale aku nyubo 2 dino ora dolan, ora ono sing nge-ring kamar. Trus sak durunge kamar yo tak kebaki pakan Panda. Tapi panganane ora berkurang :"(

Nyebahi tenan. Arep nesu tapi yo piye maning. Wis kebacut je. Mungkin iki pelajaran nggo aku ben luwih ati-ati. Sing marai aku nesu ki, lha piye ya, aku kan tuku panganan ki seko gummies. Golek gummies ki yo kadang angel je. Mbok yo nek ngangon kewan ki dipakani terus ben nek tetamon opo teko nang omah wong ki ora mangan pakanan kewan nang omah wong. Iyo ra? 

Yah, wis lah. Anggep wae sedekah.....

Wis ya. Pareng. 


Jumat, 04 Mei 2012

NASIB OH NASIB ...


Isuk-isuk wis tangi rodo gasik. Niate sih arep golek props nang Pico tapi aku mesti nyapu, resik-resik kamar sek (lho kok sajak'e aku malah dadi koyo batur yo) Pas ndelok jam, ealah Gusti.... wis jam setengah songo wae. Akhir'e ra sido golek props, soale nek jam sak mono ki wis rodo angel je golek props. Wong Jepang sing do rajin nge-props wis mulih kabeh. Iki tips seko konco ku sing necis bin nggaya, HIROYUKI MASAO. Jarene Masao, nek arep cepet entuk props, mesti dolan jam pitu pas akeh wong Jepang'e, soale wong Jepang ki apikan banget. Awak'e dewe ra usah ngemis njaluk props wis mesti diprops karo de' e. Dadine ra nganti 15 menit ki yo wis rampung dolan Pico. Iki tenanan lho, ra ngapusi. Aku wis mbuktike dewe hehehehe.

Oh iyo, talking-talking (Tukul mode on), aku saiki lagi galau banget. Ngene cerita ne. Aku ki lagi bingung arep nggedek ne kamar opo ora. Pengen gawe koyo hotel ngono lho. Tapi duit ku saiki ming 13.000 gummies. Padahal butuh'e 50.000 gummies huhuhu. Butuh pirang dino yo lagi iso entuk 50.000 gummies?

Photobucket
Kamarku sing durung rampung digawe

Sajak'e setelah tak pikir-pikir, urip nang Pico ki meh podo karo urip nang dunyo nyoto deh. Kui delok wae barang-barang'e. Nang pico ono sing musti tuku nganggo Gold, nek nang dunyo ne dewe, iki podo wae koyo barang branded sing di dol nang mall-mall elite ngono. Trus nek sing barang gummies ki podo koyo barang neng pasar hehehe.

Photobucket
Bar curhat karo Pakde

Aku wis dolan Pico lumayan sui. Mbien barang'e sing gummies karo token ki isih apik-apik. Ora kalah lah karo barang Gold. Tapi saiki rasa-rasa ne kok ketoro banget yo beda ne antara barang Gold karo sing biasa. Nangis kejer-kejer aku. Kadang ming iso ngiler tok delok wong-wong sugih nang Pico sing klambi ne apik-apik heuuu. Opo meneh saiki ono sing jenenge GACHA PREMIUM. Wah, aku ra seneng tenan karo Gacha kui. Marai duit entek tenan rek. Aku tau sepisan dolanan Gacha mosok entuk akeh banget bak mandi to. Lha nggo opo iki batin ku. Nek ra dinggo ki sayang, tapi nek arep dinggo, mengko kamar ku malah koyo pemandian umum. Nyebahi tenan lah pokoke. Mangkane, nek arep dolanan Gacha mesti dipikir sek. Ojo tergoda karo hadiah'e. 

Wis ah, wis dowo banget cerita ne. Sambung sesuk meneh ya. 

Pareng. Sugeng ndalu.


Kamis, 03 Mei 2012

KULONUWUN

Sugeng ndalu. 

Wah, rasane lego banget akhire blog'e wis rampung. Wis ket mbien arep nggawe blog tapi ra sido terus. Eeee, matur nuwun Gusti, akhir'e dino iki wis rampung kabeh ! Ternyata nek niat ki pancen iso hahaha. Oh iyo, wis kenal karo aku durung yo?

Photobucket

Jeneng ku Zebra. Aku asli Indonesia. Wong Jowo tulen lho. Aku nggawe blog iki ming nggo dolanan wae. Isi ne ming tentang Pico tok soale saiki lagi ketagihan dolan Pico hehehe. Ngerti Pico to? Kui lho dolanan sing asli ne seko Jepang. Koyo Sims ngono tapi sing iki gambare gaya-gaya anime. Nek bingung, langsung mampir nang kene wae mbangane ra mudeng-mudeng --> PICO AMEBA. Konco-konco. sedulur-sedulur, kangmas, mbakyu kabeh sing duwe Pico, ayo kekancan nang Pico. 

ID Pico ku : ゼブラ 

Kui woco ne ZEBRA. Nganggo tulisan jepang ben rodo keren sitik lah hehehe. Yo wis, berhubung wis mbengi tur aku yo wis ngantuk tenan. Ceritane disambung sesuk meneh ya. Mugo mugo aku ora lali nulis blog'e hahahaha

Pareng. Matur nuwun.