Isuk-isuk wis tangi rodo gasik. Niate sih arep golek props nang Pico tapi aku mesti nyapu, resik-resik kamar sek (lho kok sajak'e aku malah dadi koyo batur yo) Pas ndelok jam, ealah Gusti.... wis jam setengah songo wae. Akhir'e ra sido golek props, soale nek jam sak mono ki wis rodo angel je golek props. Wong Jepang sing do rajin nge-props wis mulih kabeh. Iki tips seko konco ku sing necis bin nggaya, HIROYUKI MASAO. Jarene Masao, nek arep cepet entuk props, mesti dolan jam pitu pas akeh wong Jepang'e, soale wong Jepang ki apikan banget. Awak'e dewe ra usah ngemis njaluk props wis mesti diprops karo de' e. Dadine ra nganti 15 menit ki yo wis rampung dolan Pico. Iki tenanan lho, ra ngapusi. Aku wis mbuktike dewe hehehehe.
Oh iyo, talking-talking (Tukul mode on), aku saiki lagi galau banget. Ngene cerita ne. Aku ki lagi bingung arep nggedek ne kamar opo ora. Pengen gawe koyo hotel ngono lho. Tapi duit ku saiki ming 13.000 gummies. Padahal butuh'e 50.000 gummies huhuhu. Butuh pirang dino yo lagi iso entuk 50.000 gummies?
Kamarku sing durung rampung digawe |
Sajak'e setelah tak pikir-pikir, urip nang Pico ki meh podo karo urip nang dunyo nyoto deh. Kui delok wae barang-barang'e. Nang pico ono sing musti tuku nganggo Gold, nek nang dunyo ne dewe, iki podo wae koyo barang branded sing di dol nang mall-mall elite ngono. Trus nek sing barang gummies ki podo koyo barang neng pasar hehehe.
Bar curhat karo Pakde |
Aku wis dolan Pico lumayan sui. Mbien barang'e sing gummies karo token ki isih apik-apik. Ora kalah lah karo barang Gold. Tapi saiki rasa-rasa ne kok ketoro banget yo beda ne antara barang Gold karo sing biasa. Nangis kejer-kejer aku. Kadang ming iso ngiler tok delok wong-wong sugih nang Pico sing klambi ne apik-apik heuuu. Opo meneh saiki ono sing jenenge GACHA PREMIUM. Wah, aku ra seneng tenan karo Gacha kui. Marai duit entek tenan rek. Aku tau sepisan dolanan Gacha mosok entuk akeh banget bak mandi to. Lha nggo opo iki batin ku. Nek ra dinggo ki sayang, tapi nek arep dinggo, mengko kamar ku malah koyo pemandian umum. Nyebahi tenan lah pokoke. Mangkane, nek arep dolanan Gacha mesti dipikir sek. Ojo tergoda karo hadiah'e.
Wis ah, wis dowo banget cerita ne. Sambung sesuk meneh ya.
Pareng. Sugeng ndalu.
wkwkwkwk ngakak aku mocone XD
BalasHapusMasao ki isih dolan yo ? Piye kabare ? XD Digedekke wae mbah. Nganggo gold wae koyo Oto kui lho. Sugih tenan yo si Oto nang Pico ki